Kamis, 16 Desember 2010

Interview in Java Mode

+ Pendidikanmu opo?

- Hukum Pak.

+ wah ora bisa ditompo ning kene.

- Alasanipun Pak?

+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.

- tapi kulo mantan diplomat lho Pak.

+ Tambah ora ketompo?

- Lho kok ngaten pak?

+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....

 

+ Kowe nduwe omah opo ora?

- Dereng....

+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.

- Lho kok ngaten?

+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.

- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun

sugih.

+ Yo malah ora ketompo.

- Lho kok ngaten?

+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong

ae.

 

+ Kowe nduwe motor opo ora?

- Mboten.

+ Ora ketompo.

- Lho kok mboten ketompo?

+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.

- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke

kulo beto ngriki.

 

+ Wah malah ra ketompo....

- Lho kok ngoten?

+ Tempat parkire wis ra cukup.

 

+ Kowe wis lulus sarjana tenan?

- Sampun Pak....

+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan

lan ben mbayare

murah.

- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.

+ Malah ora ketompo..... .

- Lho kados pundi to?

+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus

mesti golek kerjo

neng perusahaan liyo.

 

+ Kowe seneng guyon opo ora?

- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.

+ Ra ketompo.....

- Waa... Kok ngoten?

+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.

- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.

+ Malah ora ketompo.

- Lho kok......

+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.

 

+ Kowe mau mrene numpak opo?

- Nitih mobil.

+ Kowe ora ketompo.

- Sebabipun?

+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar

terus.

- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.

+ Tambah ora ketompo.

- Lho, lha kok?

+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!

 

+ Anakmu akeh opo sithik?

- Kathah, Pak.

+ Kowe ora ketompo.

- Sebabipun?

+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.

- Lha wong namung anak adopsi, kok.

+ Tambah ora ketompo.

- Lho, lha kok?

+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.

 

+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?

- Dereng.

+ Kowe ora ketompo.

- Sebabipun?

+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?

- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.

+ Tambah ora ketompo.

- Lho, lha kok?

+ Kowe rak mung arep keminter, to?

 

+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?

- Dereng.

+ Kowe ora ketompo.

- Sebabipun?

+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?

- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok..

+ Tambah ora ketompo.

- Lho, lha kok?

+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

 

+ Kowe kerep loro?

- Mboten.

+ Kowe ora ketompo..

- Sebabipun?

+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.

- Wah, sakjanipun nggih asring.

+ Tambah ora ketompo.

- Lho, lha kok?

+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

 

+ Kowe biso main internet?

- mBoten.

+ Kowe ora ketompo.

- Sebabipun?

+ Perusahaan ora nompo sing buta internet.

- Wah, sakjanipun nggih saged.

+ Tambah ora ketompo.

- Lho, lha kok?

+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet,

to???

 

+ Kowe waras opo ora?

- Lha, kulo nggih waras to Pak.

+ Ra ketompo.

- Kenging nopo?

+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.

- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.

+ Malah ra ketompo.

- Pripun to niki?

+ Mengko aku duwe saingan.

- WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!

- EEEDUUUUUAAAANANNNN N TUUUUEEENANANNNNNN !!!!

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar